Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 5:13-20 Kitab Sutji (JAV)

13. Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng.

14. Anadene anggon kita tatag ing pracaya marang Gusti Allah iku jalaran manawa kita padha nyuwun apa-apa marang Panjenengane, kang nyondhongi ing karsane, mesthi disembadani.

15. Mangka manawa kita padha sumurup yen Gusti Allah nyembadani marang panyuwun kita tumrap apa bae, dadine kita padha sumurup uga, yen kita wus tampa apa kang kita suwun marang Panjenengane.

16. Manawa ana wong kang weruh sadulure nglakoni dosa, yaiku dosa kang ora nekakake pati, iku ndedongaa marang Gusti Allah, temah Panjenengane bakal maringi urip marang dheweke, yaiku kang padha gawe dosa kang ora nekakake pati. Ana dosa kang nekakake pati: yen tumrap iku, aku ora akon ndongakake.

17. Sakabehing piala iku dosa, nanging ana dosa kang ora nekakake pati.

18. Kita sumurup, yen sok wonga kang laire saka ing Allah iku ora gawe dosa, nanging malah kaayoman dening Panjenengane, kang miyos saka ing Allah, temah ora bisa kagepok dening si pangawak dursila.

19. Kita sumurup, yen asal kita saka ing Allah, lan sajagad kabeh kawengku ing pangawak dursila.

20. Nanging kita padha sumurup, yen Putraning Allah wus rawuh sarta wus maringi pangreten marang kita, supaya kita padha wanuh marang Kang Sajati. Lan kita dumunung ana ing Kang Sajati, ana ing patunggilane Kang Putra Gusti Yesus Kristus, Panjenengane iku Allah Sajati lan gesang kang langgeng.

maca bab lengkap 1 Yokanan 5