Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 4:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Para kekasih, aja padha nggugu marang angger roh, nanging roh-roh iku dadaren, apa asale saka ing Gusti Allah. Amarga akeh wong kang mindha-mindha nabi kang jumedhul lan ndlajahi jagad kabeh.

2. Anggonmu padha niteni Roh Allah iku titikane mangkene: Sadhengah roh kang ngakoni manawa Gusti Yesus Kristus wus rawuh dadi manungsa, iku asale saka ing Allah.

3. Lan sadhengah roh kang ora ngakoni Gusti Yesus, iku asale ora saka ing Gusti Allah. Roh iku rohin Anti-Kristus, kang wus padha kokrungu wartane yen bakal teka, lan samengko wus ana ing jagad.

4. He, anak-anakku, kowe iku padha saka ing Allah lan wus padha ngalahake para wong kang padha mindha-mindha nabi iku mau, amarga Roh kang dumunung ing kowe iku ngungkuli roh kang dumunung ana ing jagad.

5. Wong iku asale padha saka ing jagad, mulane kang diucapake iku iya prakara kadonyan, lan jagad iku ngrungokake ing pituture.

6. Aku iki padha saka ing Allah; wong kang wanuh marang Gusti Allah, iku ngrungokake marang aku. Wong kang asale ora saka ing Gusti Allah iku ora ngrungokake marang aku. Iya mangkono iku titikane Roh kayekten karo roh panasaran.

maca bab lengkap 1 Yokanan 4