Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 3:5-17 Kitab Sutji (JAV)

5. Lan kowe padha sumurup yen anggone Panjenengane wus nglairake sarira iku prelu mbirat sakehing dosa, sarta Panjenengane iku ora kadunungan dosa.

6. Marga saka iku sok wonga kang tetep ana ing Panjenengane, iku ora gawe dosa maneh, sok wonga kang tetep gawe dosa, iku ora weruh lan ora wanuh marang Panjenengane.

7. He, anak-anakku, kowe aja gelem disasarake dening sapa bae. Sapa kang nindakake kayekten iku kadunungan kayekten, padha kaya Panjenengane iya asipat kayekten.

8. Sapa kang tetep tumindak dosa, iku asale saka Iblis. Awitdene Iblis iku anggone gawe dosa wus wiwit-wiwitan mula. Anggone Putraning Allah nglairake sarira iku, iya prelu nglebur panggawening Iblis iki.

9. Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.

10. Iki titikane para putraning Allah lan para anake Iblis; sok wonga kang ora nindakake kayekten iku asale ora saka ing Allah, mangkono uga kang ora tresna marang sadulure.

11. Sabab iya iki pawarta kang wus padha kokrungu wiwitan mula, iya iku supaya kita padha tresna-tinresnanana.

12. Aja kaya Kain, kang asale saka ing pangawak dursila sarta mateni sadulure. Lan apa sababe anggone mateni iku? Amarga sakabehing panggawene ala, lan panggawene adhine becik.

13. He, sadulur-sadulur, aja padha gumun manawa jagad padha sengit marang kowe.

14. Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.

15. Sok wonga kang sengit marang sadulure iku dadi juru mateni wong. Lan kowe padha sumurup, manawa ora ana juru mateni kang tetep kadunungan urip langgeng.

16. Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, dadi kita iya padha kawajiban masrahake nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita.

17. Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?

maca bab lengkap 1 Yokanan 3