Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 3:16-23 Kitab Sutji (JAV)

16. Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, dadi kita iya padha kawajiban masrahake nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita.

17. Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?

18. He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.

19. Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten. Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ing ngarsane Gusti Allah.

20. Amarga manawa kita padha kawelehake dening ati kita dhewe, Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sata nguningani samubarang.

21. He, para kekasih, manawa kita ora kawelehake dening ati kita, dadi padha bisa sowan marang ing ngarsane Gusti Allah kalawan tatag ing pracaya,

22. lan apa bae kang kita suwun, kita padha diparingi, amarga padha netepi sakehing pepakone sarta nglakoni apa kang ndadekake keparenge.

23. Anadene pepakone iku yaiku: supaya kita padha pracaya marang asmane Gusti Yesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana cocog karo pepakon kang kadhawuhake dening Sang Kristus marang kita.

maca bab lengkap 1 Yokanan 3