Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 3:14-24 Kitab Sutji (JAV)

14. Kita padha sumurup, yen kita wus padha ngalih saka ing pati marang urip, iya iku marga kita padha tresna marang para sadulur kita. Sapa kang ora nresnani sadulure, iku tetep dumunung ana ing pati.

15. Sok wonga kang sengit marang sadulure iku dadi juru mateni wong. Lan kowe padha sumurup, manawa ora ana juru mateni kang tetep kadunungan urip langgeng.

16. Mungguh katresnane Sang Kristus iku wus kita sumurupi, yaiku: manawa Panjenengane wus masrahake nyawane kanggo kita, dadi kita iya padha kawajiban masrahake nyawa kita kanggo sadulur-sadulur kita.

17. Sapa kang duwe bandha kadonyan, mangka weruh sadulure kacingkrangan, ewadene nutup lawanging atine tumrap marang sadulure mau, kapriye bisane tetep kadunungan katresnaning Allah?

18. He, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat bae, nanging dikanthenana panggawe lan ing sajroning kayekten.

19. Mangkono iku anggon kita padha nyumurupi, yen asal kita saka ing kayekten. Mangkono uga ati kita bisa tentrem ana ing ngarsane Gusti Allah.

20. Amarga manawa kita padha kawelehake dening ati kita dhewe, Gusti Allah iku ngluwihi ati kita sata nguningani samubarang.

21. He, para kekasih, manawa kita ora kawelehake dening ati kita, dadi padha bisa sowan marang ing ngarsane Gusti Allah kalawan tatag ing pracaya,

22. lan apa bae kang kita suwun, kita padha diparingi, amarga padha netepi sakehing pepakone sarta nglakoni apa kang ndadekake keparenge.

23. Anadene pepakone iku yaiku: supaya kita padha pracaya marang asmane Gusti Yesus Kristus, Kang Putra, lan supaya padha tresna-tinresnanana cocog karo pepakon kang kadhawuhake dening Sang Kristus marang kita.

24. Dene sapa kang netepi sakehing pepakone, iku dumunung ana ing Allah, lan Gusti Allah ana ing wong iku. Lan iya mangkono iku anggon kita padha sumurup, yen Gusti Allah dumunung ana ing kita, iya iku Roh kang wus diparingake marang kita.

maca bab lengkap 1 Yokanan 3