Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 3:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Kawruhana, sapira gedhene katresnan kang diparingake dening Sang Rama marang kita, nganti kita padha kasebut para putraning Allah, lah kita pancen putraning Allah. Mulane jagad ora wanuh marang ktia, amarga jagad iku ora wanuh marang Panjenengane.

2. He, para kekasih, saiki kita padha dadi putraning Allah, ananging durung cetha kapriye bakal kaanan kita ing tembe. Mung bae kita padha sumurup, manawa Sang Kristus ngatingal, kita bakal dadi padha karo Panjenengane, amarga kita bakal padha ndeleng kaanane Panjenengane ing sajatine.

3. Sok wonga kang duwe pangarep-arep mangkono marang Panjenengane, iku mesthi nucekake awak, kayadene Panjenengane kang asipat suci.

4. Sok wonga kang nglakoni dosa, iku iya nerak angger-anggering Allah, sabab dosa iku nerak angger-anggering Allah.

5. Lan kowe padha sumurup yen anggone Panjenengane wus nglairake sarira iku prelu mbirat sakehing dosa, sarta Panjenengane iku ora kadunungan dosa.

6. Marga saka iku sok wonga kang tetep ana ing Panjenengane, iku ora gawe dosa maneh, sok wonga kang tetep gawe dosa, iku ora weruh lan ora wanuh marang Panjenengane.

7. He, anak-anakku, kowe aja gelem disasarake dening sapa bae. Sapa kang nindakake kayekten iku kadunungan kayekten, padha kaya Panjenengane iya asipat kayekten.

8. Sapa kang tetep tumindak dosa, iku asale saka Iblis. Awitdene Iblis iku anggone gawe dosa wus wiwit-wiwitan mula. Anggone Putraning Allah nglairake sarira iku, iya prelu nglebur panggawening Iblis iki.

9. Saben wong kang laire saka ing Allah, iku ora nglakoni dosa maneh, amarga wijining ka-Allahan tetep ana ing batine, lan ora bisa gawe dosa, amarga laire saka ing Allah.

10. Iki titikane para putraning Allah lan para anake Iblis; sok wonga kang ora nindakake kayekten iku asale ora saka ing Allah, mangkono uga kang ora tresna marang sadulure.

maca bab lengkap 1 Yokanan 3