Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 2:9-16 Kitab Sutji (JAV)

9. Sing sapa duwe ujar yen dumunung ana ing pepadhang, mangka sengit marang sadulure, iku isih dumunung ana ing pepeteng kongsi saprene.

10. Sing sapa tresna marang sadulure iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora kanggonan sesandhungan.

11. Balik sing sapa sengit marang sadulure, iku dumunung ana ing pepeteng, sarta urip ana ing pepeteng, wong iku ora weruh menyang ngendi parane, amarga mripate diwutakake dening pepeteng mau.

12. He, anak-anak, mulane aku nulis layang marang kowe, marga dosamu wus padha kaapura marga saka Kang Asma.

13. He, para bapa, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh marang Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, mulane aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.

14. He, bocah-bocah, anggonku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Sang Rama. He, para bapa, aku nulis layang marang kowe, amarga kowe wus padha wanuh karo Panjenengane kang ing purwa mula wus ana. He, para wong anom, aku nuis layang marang kowe, amarga kowe padha santosa, sarta pangandikane Gusti Allah dumunung ana ing kowe, lan kowe wus padha ngalahake si pangawak dursila.

15. Kowe kabeh aja padha rumaket marang donya lan marang samubarang kang ana ing kono. Manawa wong rumaket marang donya, iku ora kadunungan katresnan marang Sang Rama.

16. Sabab samubarang kang ana ing donya, iku pepenginaning daging lan pepenginaning mripat tuwin digunging ngaurip, iku ora saka Sang Rama, nanging saka ing donya.

maca bab lengkap 1 Yokanan 2