Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 2:1-11 Kitab Sutji (JAV)

1. He, anak-anakku, anggonku nulis bab prakara iku marang kowe iku supaya kowe aja padha gawe dosa. Ewadene manawa ana kang gawe dosa, kita padha duwe Pantara ana ing ngarsane Sang Rama, iya iku: Gusti Yesus Kristus kang adil.

2. Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.

3. Anggon kita wus padha wanuh Gusti Allah iku titikane yaiku manawa kita padha netepi ing pepakone.

4. Sing sapa duwe ujar: “Aku wanuh karo Panjenengane,” mangka ora netepi ing pepakone, iku wong goroh lan ora kadunungan kayekten.

5. Balik sing sapa netepi pangandikane, iku kang sanyata kadunungan sihing Allah kang sampurna; iya iku margane anggon kita padha sumurup, yen kita padha dumunung ana ing Panjenengane.

6. Sing sapa duwe ujar yen ana ing Panjenengane, iku kawajiban nglarasake uripe kalawan sugenge Sang Kristus.

7. He, para kekasih, kang daktulis iki dudu pepakon anyar, nanging pepakon lawas kang wus ana ing kowe wiwit wiwitan mula Pepakon kang lawas iku yaiku pangandika kang wus padha kokrungu.

8. Ewasamono pepakon anyar uga kang dakemot ing layangku marang kowe iki, kang wus sanyata ana ing Panjenengane lan ana ing kowe, amarga pepeteng iku nedhenge sirna, lan pepadhang kang sajati wus sumunar.

9. Sing sapa duwe ujar yen dumunung ana ing pepadhang, mangka sengit marang sadulure, iku isih dumunung ana ing pepeteng kongsi saprene.

10. Sing sapa tresna marang sadulure iku kang lestari ana ing pepadhang, sarta ora kanggonan sesandhungan.

11. Balik sing sapa sengit marang sadulure, iku dumunung ana ing pepeteng, sarta urip ana ing pepeteng, wong iku ora weruh menyang ngendi parane, amarga mripate diwutakake dening pepeteng mau.

maca bab lengkap 1 Yokanan 2