Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Yokanan 1:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Kang wus ana ing wiwitan mula, kang wus padha dakrungu, kang wus padha dakdeleng kalawan mripatku, kang wus dakwaspadakake, iya kang wus dakgrayang kalawan tanganku bab ing ngatase Sabdaning kauripan, yaiku kang dakwartakake marang kowe!

2. Dene urip iku wus kababar lan wus padha dakdeleng, dene saiki aku padha dadi seksi sarta ngundhangake marang kowe bab urip langgeng kang dumunung ana ing Sang Rama lan kang wus kalairake marang aku kabeh.

3. Kang wus padha dakdeleng lan dakrungu iku mau iya dakwartakake marang kowe, supaya kowe uga bisaa tetunggalan karo aku kabeh. Lan anggonku padha tetunggalan iku karo Sang Rama lan karo Sang Putra, Gusti Yesus Kristus.

4. Dene anggonku nulis bab iki mau kabeh marang kowe iku supaya kabungahanku dadia sampurna.

5. Anadene iki pawarta kang wus padha dakrungu saka ing Panjenengane, kang dakwartakake marang kowe: Gusti Allah iku pepadhang lan Panjenengane ora kadunungan pepeteng babar pisan.

maca bab lengkap 1 Yokanan 1