Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 6:2b-13 Kitab Sutji (JAV)

2b. Kabeh iki wulangna lan pituturna.

3. Manawa ana wong kang aweh piwulang kang ora cundhuk karo ujar kang bener -- yaiku pangandikane Gusti kita Yesus Kristus -- lan kang ora cocog karo piwulang kang laras kalawan pangibadah kita,

4. iku wong kang kaya-kaya ngreti nanging lugune ora ngreti apa-apa, kepatuh dhemen golek-golek prakara lan bebantahan, kang njalari drengki, padu, pangala-ala, sujana,

5. regejegan ing antarane wong-wong kang pikirane ora waras maneh lan kang wis kelangan kayekten, kang ngira yen pangibadah iku sumbering kauntungan.

6. Pancen pangibadah iku manawa dikantheni pamarem, aweh kauntungan gedhe.

7. Sabab kita ora nggawa apa-apa menyang ing donya lan uga ora bisa nggawa apa-apa lunga.

8. Angger wis ana pangan lan sandhang, wis cukup.

9. Anadene wong-wong kang padha kapengin sugih padha tumiba ing panggodha lan ing kala tuwin kadunungan pepenginan warna-warna kang tanpa guna lan gawe cilaka kang ngeremake manungsa marang bilai tuwin karusakan.

10. Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.

11. Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.

12. Nglakonana tarunging pracaya kang utama, nggayuha urip langgeng, kang dadi underane anggonmu katimbalan sarta anggonmu nglairake sahadat kang bener ana ing ngarepe seksi akeh.

13. Kowe dakprentah ana ing ngarsane Gusti Allah kang paring urip marang samubarang kabeh lan ana ing ngarsane Sang Kristus Yesus kang wus nglairake sahadat kang utama iku uga ana ing ngajengane Sang Pontius Pilatus:

maca bab lengkap 1 Timoteus 6