Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 6:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kabeh wong kang nyangga gawening batur-tukon, iku ngajenana marang lurahe kaanggepa yen wus samesthine kudu kinurmatan, supaya asmaning Allah lan piwulang kita aja nganti kaalakake.

2a. Manawa lurahe mau wong pracaya, aja nganti dikurangi anggone dieringi, aja dupeh sadulure ana ing Sang Kristus, nanging malah disaya becik anggone ngladeni, amarga lurah kang nampani berkahing leladine iku sadulur kang pracaya lan kang kinasih.

2b. Kabeh iki wulangna lan pituturna.

3. Manawa ana wong kang aweh piwulang kang ora cundhuk karo ujar kang bener -- yaiku pangandikane Gusti kita Yesus Kristus -- lan kang ora cocog karo piwulang kang laras kalawan pangibadah kita,

4. iku wong kang kaya-kaya ngreti nanging lugune ora ngreti apa-apa, kepatuh dhemen golek-golek prakara lan bebantahan, kang njalari drengki, padu, pangala-ala, sujana,

maca bab lengkap 1 Timoteus 6