Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 5:8-22 Kitab Sutji (JAV)

8. Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.

9. Randha kang dicatheti iku kang umure ora kurang saka sawidak taun, kang mung omah-omah sapisan

10. lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: ngulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.

11. Nanging para randha kang luwih enom iku aja kokcatheti. Awit manawa kapanduk ing asmara kang misahake saka Sang Kristus, banjur padha kapengin omah-omah,

12. satemah nekakake paukuman tumrap awake dhewe, marga padha nyingkur marang kasetyane sakawit marang Panjenengane.

13. Sarta maneh padha kulina mlebu metu ing omahing wong kalawan nganggur, lan malah ora mung nganggur bae, nanging iya karo ngoceh lan nyampuri prakarane wong liya sarta ngandhak-ngandhakake bab-bab kang ora pantes.

14. Awit saka iku karepku randha-randha kang isih enom iku padha omah-omaha maneh, padha anak-anaka, nuntun brayate sarta aja padha aweh dhadhakaning pangala-ala marang satru, kang katujokake marang kita.

15. Marga wis ana randha sawatara kang kesasar nuruti Iblis.

16. Manawa ana wong lanang utawa wadon kang pracaya, kang brayate ana randhane, iku dibiyantonana, supaya ora dadi rereksaning pasamuwan, satemah pasamuwan bisa rumeksa marang para randha kang pancen kapiran.

17. Para pinituwa kang becik pangrehe iku pantes diajeni tikel kaping pindho, luwih maneh kang kabubuhan kotbah lan memulang.

18. Rak ana pangandika ing Kitab Suci kang wiraose mangkene: “Sapi kang lagi dianggo nutu iku aja sira brongsong cangkeme,” lan: “Wong kang nyambut-gawe iku patut oleh pituwase.”

19. Aja nampani pandakwa marang pinituwa, kajaba yen ana seksine loro utawa telu.

20. Kang padha nglakoni dosa iku welehna ana in ngarepe wong kabeh, supaya wong-wong liyane uga padha wedi.

21. Piwelingku marang kowe kalawan temen-temen ana ing ngarsane Gusti Allah lan Gusti Kristus Yesus sarta para malaekat pepilihane: pituduh iki wigatekna tanpa kasujanan lan tumindakmu tumrap ing samubarang kabeh ditanpa pilih kasih.

22. Aja kesusu numpangi tangan marang wong lan aja nganti katut-katut ing dosane wong liya. Awakmu dhewe jaganen dhisik.

maca bab lengkap 1 Timoteus 5