Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 5:7-17 Kitab Sutji (JAV)

7. Para randha iya padha elingna marang bab-bab iki, supaya uripe tanpa cacad.

8. Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.

9. Randha kang dicatheti iku kang umure ora kurang saka sawidak taun, kang mung omah-omah sapisan

10. lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: ngulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.

11. Nanging para randha kang luwih enom iku aja kokcatheti. Awit manawa kapanduk ing asmara kang misahake saka Sang Kristus, banjur padha kapengin omah-omah,

12. satemah nekakake paukuman tumrap awake dhewe, marga padha nyingkur marang kasetyane sakawit marang Panjenengane.

13. Sarta maneh padha kulina mlebu metu ing omahing wong kalawan nganggur, lan malah ora mung nganggur bae, nanging iya karo ngoceh lan nyampuri prakarane wong liya sarta ngandhak-ngandhakake bab-bab kang ora pantes.

14. Awit saka iku karepku randha-randha kang isih enom iku padha omah-omaha maneh, padha anak-anaka, nuntun brayate sarta aja padha aweh dhadhakaning pangala-ala marang satru, kang katujokake marang kita.

15. Marga wis ana randha sawatara kang kesasar nuruti Iblis.

16. Manawa ana wong lanang utawa wadon kang pracaya, kang brayate ana randhane, iku dibiyantonana, supaya ora dadi rereksaning pasamuwan, satemah pasamuwan bisa rumeksa marang para randha kang pancen kapiran.

17. Para pinituwa kang becik pangrehe iku pantes diajeni tikel kaping pindho, luwih maneh kang kabubuhan kotbah lan memulang.

maca bab lengkap 1 Timoteus 5