Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 5:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Aja tumindak keras marang wong kang wis tuwa, nangin elingna kayadene marang bapa; wong nomnoman padha elingna kayadene sadulurmu,

2. para wong wadon kang wis tuwa kayadene ibu, para wong wadon kang isih enom kayadene adhimu, kalawan ati kang resik.

3. Para randha kang pancen randha temenan iku padha ajenana.

4. Nanging randha kang duwe anak utawa putu, anak utawa putune iku kudu sinau ngatonake bektine dhisik marang kulawangsane dhewe lan males kabecikane wong tuwane tuwin embahne, amarga iku kang ndadekake keparenging Allah.

5. Dene randha kang pancen randha temenan, kang ketrini, iku duwe pangarep-arep marang Gusti Allah lan tansah nenuwun lan ndedonga rina wengi.

6. Nanging randha kang uripe ngedab-edabi lan ngleluwihi, iku wus mati sajrone isih urip.

7. Para randha iya padha elingna marang bab-bab iki, supaya uripe tanpa cacad.

8. Dene manawa ana wong kang ora mikir marang kulawangsane, apamaneh brayate, iku wis nyingkur pracayane lan luwih ala katimbang karo wong kang ora pracaya.

9. Randha kang dicatheti iku kang umure ora kurang saka sawidak taun, kang mung omah-omah sapisan

10. lan kang wus kaseksenan panggawene becik, kayata: ngulawenthah anak, dhemen aweh pamondhokan, ngwisuhi sikile para sadulur kang tunggal pracaya, nulungi wong kang uripe kesrakat, cekake kang mrelokake sadhengah panggawe becik.

11. Nanging para randha kang luwih enom iku aja kokcatheti. Awit manawa kapanduk ing asmara kang misahake saka Sang Kristus, banjur padha kapengin omah-omah,

12. satemah nekakake paukuman tumrap awake dhewe, marga padha nyingkur marang kasetyane sakawit marang Panjenengane.

13. Sarta maneh padha kulina mlebu metu ing omahing wong kalawan nganggur, lan malah ora mung nganggur bae, nanging iya karo ngoceh lan nyampuri prakarane wong liya sarta ngandhak-ngandhakake bab-bab kang ora pantes.

14. Awit saka iku karepku randha-randha kang isih enom iku padha omah-omaha maneh, padha anak-anaka, nuntun brayate sarta aja padha aweh dhadhakaning pangala-ala marang satru, kang katujokake marang kita.

15. Marga wis ana randha sawatara kang kesasar nuruti Iblis.

16. Manawa ana wong lanang utawa wadon kang pracaya, kang brayate ana randhane, iku dibiyantonana, supaya ora dadi rereksaning pasamuwan, satemah pasamuwan bisa rumeksa marang para randha kang pancen kapiran.

maca bab lengkap 1 Timoteus 5