Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 4:13-16 Kitab Sutji (JAV)

13. Ing sabanjure kowe ngantepana anggonmu macakake Kitab-kitab Suci, anggonmu mbangun lan memulang nganti satekaku.

14. Aja nglirwakake kawajibanmu migunakake sih-rahmat kang ana ing kowe, kang wus kaparingake marang kowe sarana pamedhar-wangsit lan sarana tumpangan tangan dening parepataning para pinituwa.

15. Iku kabeh wigatekna, urip mudikaya mangkono, supaya kamajuanmu tetelaa marang wong kabeh.

16. Diawas marang awakmu dhewe lan piwulangmu. Aja kemba-kemba anggonmu nindakake iku kabeh, amarga manawa kowe tumindak mangkono, kowe bakal mitulungi iya awakmu dhewe, iya kabeh wong, kang padha ngrungokake marang pituturmu.

maca bab lengkap 1 Timoteus 4