Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 4:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Ananging ana pangandikaning Roh kang cetha, yen ing tembe bakal ana wong kang padha murtad banjur ngeloni roh-roh panasaran lan piwulanging setan-setan

2. marga saka kena pambujuking wong doracara, kang swaraning batine nganggo cape wong-wong mau,

3. kang menging jejodhoan, akon nyirik bangsane pangan, kang katitahake dening Gusti Allah, supaya dipangan kalawan saos sokur dening para wong kang pracaya lan kang wus wanuh marang kayekten.

4. Awitdene kabeh kang dititahake dening Allah iku becik, lan siji bae ora ana kang karam, angger ditampani kalawan saos sokur,

5. amarga iku kabeh wus kasucekake dening pangandikane Gusti Allah lan dening pandonga.

6. Manawa sadulur-sadulur kita padha kokelingake marang bab-bab iku, kowe bakal dadi paladene Sang Kristus Yesus kang becik, kang kagulawenthah ing bab-bab lakuning pracaya kita sarta ing bab piwulang kang becik-becik kang wus kokleluri nganti saprene iki.

7. Nanging gugontuhon tuwin dongenge si nini-nini iku dohana. Nggegulanga ing pangibadah.

8. Nggegulang ing kajasmanen iku paedahe mung sathithik, nanging pangibadah iku maedahi tumrap samubarang kabeh, awit iku ngemot prajanjian kanggo urip ing saiki lan ing tembe.

9. Iki pitutur kang bener lan wajib ditampani kalawan temen-temen.

10. Awit iya iku sababe anggon kita padha nglakoni rekasa lan ngetog kakuwatan, jalaran kita padha nduweni pangarep-arep marang Gusti Allah kang gesang, kang dadi Pamartane wong kabeh, angka siji kanggo para wong kang pracaya.

maca bab lengkap 1 Timoteus 4