Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 2:7-15 Kitab Sutji (JAV)

7. Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, -- kandhaku iku bener, aku ora goroh -- lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.

8. Kang iku karepku wong lanang supaya padha ndedongaa ana ing saenggon-enggon kalawan ngulukake tangan kang suci, aja nganggo nepsu utawa padudon.

9. Mangkono uga wong wadon prayoga manganggoa kang pantes, susila lan prasaja, rambute aja diklabang, aja nganggo mas-masan, mutiara utawa sandhangan kang larang-larang,

10. nanging manganggoa sandhangan panggawe becik, dikaya sapatute wong wadon kang ngabekti ing Allah.

11. Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut.

12. Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.

13. Awitdene Bapa Adam kang katitahake dhisik, tumuli Ibu Kawa.

14. Lan maneh dudu Bapa Adam kang kena ing panggodha, nanging wong wadon iku kang kena ing panggodha lan tumiba ing dosa.

15. Nanging wong wadon bakal kapitulungan rahayu marga saka anggone anak-anak, angger ngantepi ing pracaya lan katresnan sarta kasucen kalawan jatmika.

maca bab lengkap 1 Timoteus 2