Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 2:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Kang dhisik dhewe dakpituturake: Padha ngaturna panyuwun, pandonga, lan pamuji sokur tumrap ing wong kabeh,

2. tumrap para ratu sarta tumrap sakehing panggedhe, supaya urip kita bisaa tentrem lan ayem ana ing sajroning sakehing kamursidan lan kaurmatan.

3. Yaiku kang becik lan kang gawe renaning panggalihe Gusti Allah, Pamarta kita,

4. kang ngarsakake, supaya wong kabeh padha kapitulungan rahayu lan padha oleh pangawruhing kayekten.

5. Amarga Gusti Allah iku asipat tunggal, samono uga Panjenengane kang dadi pantawis kiat ing antarane Gusti Allah lan manungsa iku uga mung siji, yaiku Sang Manungsa Kristus Yesus,

6. kang wus masrahake sarirane minangka panebus kanggo wong kabeh: iku kang dadi paseksen ing wektu kang wus pinasthi.

7. Iya kanggo paseksen iku aku wus katetepake dadi juru pawarta lan rasul, -- kandhaku iku bener, aku ora goroh -- lan dadi gurune wong kang dudu wong Yahudi, ing sajroning pracaya lan kayekten.

maca bab lengkap 1 Timoteus 2