Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Timoteus 1:5-15 Kitab Sutji (JAV)

5. Mangka karepe pitutur iku katresnan kang jumedhul saka ing ati kang resik, saka swaraning batin kang murni lan saka pracaya kang tulus eklas.

6. Nanging ana wong kang nyimpang saka ing dalan iku lan kesasar ana ing paguneman kang tanpa guna.

7. Wong iku padha arep dadi guruning angger-anggere Toret, mangka ora mangreti marang tembung-tembunge dhewe sarta marang bab kang baku-baku, kang diwulangake kanthi tandhes.

8. Kita padha sumurup, yen angger-anggering Toret iku becik, manawa bener anggone ngecakake,

9. yaiku kanthi yakin, yen angger-anggering Toret iku ora kanggo wong kang sampurna, nanging kanggo wong murangsarak lan wong kang uripe tanpa tatanan, wong lamis lan wong dosa, wong kang engenake kadonyan lan wong kang tanpa agama, kang mateni bapa lan mateni biyunge, kang mateni wong,

10. wong kang laku jina, kang laku jindik, kang nyulik wong, wong dora cara, wong kang nerak supata, lan sabanjure samubarang kabeh kang cengkah kalawan piwulang kang bener,

11. kang adhedhasar Injiling Gusti Allah kang luhur lan rahayu dhewe, kaya kang wis kapitayakake marang aku.

12. Aku saos sokur marang Panjenengane, kang nyantosakake aku, yaiku Gusti Kristus Yesus, Gusti kita, amarga Panjenengane karsa nganggep aku tumemen, sarta banjur kaparingan bubuhan leladi iki,

13. aku kang maune dadi wong kang ngala-ala, nganiaya lan ngrodaparipeksa, nanging aku wus karentahan sih-palimirmane, awit iku kabeh daklakoni marga saka ora ngreti, yaiku jalaran ora pracaya.

14. Malah sih-rahmate Gusti kita iku wus kaparingake marang aku nganti luber kalawan pracaya lan katresnan ing sajroning Sang Kristus Yesus.

15. Iki tembung kang satuhu lan wajib diugemi temenan, “Sang Kristus Yesus rawuh ing donya prelu mitulungi rahayu marang wong dosa,” lan panunggalane iku aku iki kang gedhe dhewe dosaku.

maca bab lengkap 1 Timoteus 1