Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 5:23-28 Kitab Sutji (JAV)

23. Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

24. Panjenengane kang nimbali kowe iku setya tuhu, Panjenengane iya bakal ngleksanani.

25. Para sadulur, aku kabeh padha dongakna.

26. Salamku kabeh marang para sadulur kalawan pangambung kang suci.

27. Atas asmaning Gusti aku njaluk kanthi banget marang kowe, poma layang iki kawacaa ing ngarepe para sadulur kabeh.

28. Sih-rahmate Gusti kita Yesus Kristus, anaa ing kowe kabeh.

maca bab lengkap 1 Tesalonika 5