Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 5:14-26 Kitab Sutji (JAV)

14. Aku iya padha aweh pitutur marang kowe, para sadulur, wong kang uripe padha ora tumata iku perdinen, wong kang padha cilik atine iku lipuren, wong kang ringkih padha belanana. Sing sabar marang wong kabeh.

15. Eling-elingen, aja nganti ana wong kang males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah padha ngudia marang kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrap wong kabeh.

16. Tansah padha bungaha.

17. Aja kendhat anggonmu ndedonga.

18. Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.

19. Aja nyirep Sang Roh,

20. lan aja ngremehake pamedharing wangsit.

21. Samubarang kabeh iku titinen, dene kang becik anggonen.

22. Padha ngedohana sarupaning piala.

23. Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

24. Panjenengane kang nimbali kowe iku setya tuhu, Panjenengane iya bakal ngleksanani.

25. Para sadulur, aku kabeh padha dongakna.

26. Salamku kabeh marang para sadulur kalawan pangambung kang suci.

maca bab lengkap 1 Tesalonika 5