Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 5:11-23 Kitab Sutji (JAV)

11. Mulane kowe padha eling-ingelingna lan bangun-binanguna, kayadene kang pancen padha koklakoni iku.

12. Karodene, para sadulur, panjalukku kabeh marang kowe: wong-wong kang padha nyrempeng ing gawe ana ing antaramu, kang nenuntun marang kowe ana ing patunggilane Gusti sarta kang memerdi marang kowe,

13. iku padha ajenana kang banget kalawan katresnan marga saka pagaweane. Tansah padha rukuna.

14. Aku iya padha aweh pitutur marang kowe, para sadulur, wong kang uripe padha ora tumata iku perdinen, wong kang padha cilik atine iku lipuren, wong kang ringkih padha belanana. Sing sabar marang wong kabeh.

15. Eling-elingen, aja nganti ana wong kang males ala marang wong kang gawe piala, nanging tansah padha ngudia marang kabecikan, iya tumrap para sadulur, iya tumrap wong kabeh.

16. Tansah padha bungaha.

17. Aja kendhat anggonmu ndedonga.

18. Padha ngunjukna panuwun ing sabarang kang tinemu, awit iku kang dikarsakake dening Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus tumrap kowe.

19. Aja nyirep Sang Roh,

20. lan aja ngremehake pamedharing wangsit.

21. Samubarang kabeh iku titinen, dene kang becik anggonen.

22. Padha ngedohana sarupaning piala.

23. Muga Gusti Allah kang kagungan tentrem-rahayu iku nucekake kowe ing sasampurnane lan muga roh, jiwa lan badanmu rineksa becik kalawan tanpa cacad, besuk rawuhe Gusti Yesus Kristus, Gusti kita.

maca bab lengkap 1 Tesalonika 5