Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 4:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Wasana, para sadulur, panjaluk lan pangatagku kabeh marang kowe ana ing patunggilane Gusti Yesus: Kowe wus padha krungu saka aku, kapriye kudune lakumu supaya ndadekake keparenging Allah. Bab iku pancen wus padha koktindakake, ewasamono prayogane kowe sayaa luwih tumemen anggonmu padha tumindak mangkono.

2. Kowe uga wus padha mangreti marang pituduh-pituduh kang wus padha dakwenehake marang kowe awit saka asmane Gusti Yesus.

3. Amarga kang dadi karsane Gusti Allah iku: kasucenmu, yaiku supaya kowe padha nyingkiri laku jina;

4. saben wong panunggalanmu ngalapa wong wadon siji dadi bojone dhewe sarta urip ing sajroning kasucen lan kasusilan,

5. ora marga saka derenging hawa-nepsu, kayadene tumindaking won kang ora wanuh marang Gusti Allah,

maca bab lengkap 1 Tesalonika 4