Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 3:6-10 Kitab Sutji (JAV)

6. Nanging saiki, bareng Timoteus wis bali saka ing panggonanmu kalawan nggawa kabar kang mbungahake bab pracayamu lan katresnanmu, apadene bab anggonmu padha tansah kelingan marang apa-apa kang becik ing ngatase aku lan bab anggonmu kapengin katemu karo aku, kayadene anggonku uga padha kapengin katemu karo kowe,

7. dadine, para sadulur, ana ing sajroning karupekan lan kasangsaran, aku padha kalipur marga saka kowe lan marga saka pracayamu.

8. Saiki aku padha ngrasa urip maneh, anggere kowe padha tetep ana ing Gusti.

9. Amarga apa ta kang kena padha dakcaosake marang Allah minangka panuwun ing bab sakehing kabungahan, kang wus padha koktampani marga saka kowe kabeh ana ing ngarsane Allah?

10. Rina wengi aku padha ndedonga kalawan mantheng, supaya bisaa ketemu karo kowe lan nyampurnakake kakuranganing pracayamu.

maca bab lengkap 1 Tesalonika 3