Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 3:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Kang iku sarehne aku kabeh wus ora kuwat mbetahake kangenku mau, mulane banjur mutus ana ing kutha Atena bae dhewe.

2. Aku banjur padha kongkonan Timoteus, sadulur kang mbiyantu aku kabeh anggonku padha nyambut-gawe kagem Gusti ing bab martakake Injile Sang Kristus, supaya nyantosakake atimu lan mituturi kowe kabe ing bab pracayamu,

3. supaya aja ana wong kang goyang pracayane marga saka anggone nandhang kasusahan-kasusahan iki. Kowe dhewe padha sumurup, yen kita iki padha kagadhangake mangkono.

4. Amarga, uga nalika aku isih padha ana ing antaramu, kowe wus padha dakkandhani, yen kita bakal padha ngrasakake sangsara. Sarta bab iki, kaya kang wus koksumurupi, wus kalakon.

maca bab lengkap 1 Tesalonika 3