Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 2:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Kosokbaline, sarehne Gusti Allah wus nggalih, yen aku kabeh pantes kapitayanan Injil, iya marga saka iku mulane anggonku padha rembugan iku ora amrih senenging manungsa, nanging supaya ndadekake keparenging panggalihe Gusti Allah, kang neter ati kita.

5. Awit kowe padha sumurup, yen aku padha ora tau nandukake tembung manis, utawa nganggo budi kethaha kang kaalingan, iki Gusti Allah kang nekseni,

6. sarta ora padha ngarah pangalem saka ing manungsa dadia saka kowe utawa saka wong-wong liya, sanadyan aku padha bisa tumindak mangkono, jalaran aku iki padha rasule Sang Kristus.

7. Nanging kalawan rumaket anggonku padha pitepungan ana ing tengahmu, wis kaya patrape biyung anggone ngemong lan ngopeni anake.

8. Kaya mangkono anggonku padha nindakake katresnan kang gedhe marang kowe kabeh, satemah kalawan legawa anggonku padha mandumi marang kowe ora ngemungake Injiling Allah bae, nanging uga uripku kabeh, jalaran kowe kabeh padha daktresnani.

9. Awit mesthine kowe isih padha kelingan, para sadulur, marang kangelan lan rekasaku kabeh. Anggonku padha nggelarake Injiling Allah marang kowe iku, supaya aja ngreribedi wong sawiji-wijia panunggalanmu, padha dakkantheni nyambut-gawe rina wengi.

10. Kowe padha dadi seksi, samono uga Gusti Allah, kapriye anggonku padha alaku saleh, adil lan tanpa cacad ana ing antaramu, kang pracaya.

11. Kowe padha sumurup, kapriye anggonku padha mituturi marang kowe nyantosake atimu dhewe-dhewe kayadene bapa marang anak-anake,

12. sarta anggonku padha ngudi kalawan banget-banget, supaya kowe kabeh padha urip laras karo karsane Gusti Allah, kang nimbali kowe marang Kratone lan kamulyane.

maca bab lengkap 1 Tesalonika 2