Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 2:18-20 Kitab Sutji (JAV)

18. Amarga niyatku kabeh arep nekani kowe, -- aku, Paulus, malah ora mung sapisan bae -- nanging padha kapalangan dening Iblis.

19. Sabab sapa ta yen dudu kowe kang dadi dununging pangarep-arep lan kabungahanku kabeh, apadene makutha kang padha dakagungake ana ing ngarsane Gusti Yesus, Gusti kita, besuk ing dina rawuhe?

20. Sanyata kowe iku kang dadi kamulyan lan kabungahanku kabeh.

maca bab lengkap 1 Tesalonika 2