Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 2:13-17 Kitab Sutji (JAV)

13. Awit saka iku aku iya tansah padha saos sokur marang Gusti Allah, dene pangandikane Gusti Allah kang padha dakwartakake marang kowe iku wus padha koktampani, ora kokanggep pituturing manungsa, nanging -- lan iki pancen iya nyata mangkono -- kokanggep sabdaning Allah, kang uga makarya ana ing kowe kang padha pracaya.

14. Sabab kowe, para sadulur, wis padha ngleluri pasamuwan-pamsamuwaning Allah ing tanah Yudea, kang ana ing patunggilane Gusti Kristus Yesus, awitdene kowe uga wus padha nandhang sangsara marga saka panggawene wong-wong kang tunggal bangsa karo kowe, paha kaya pasamuwan ing kono marga saka panggawene wong-wong Yahudi.

15. Malah wong-wong Yahudi mau wus nyedani Gusti Yesus lan para nabi apadene wus nganiaya marangaku kabeh. Apa kang dadi keparenging Allah ora padha dipreduli sarta kabeh wong padha dimungsuh,

16. awit padah ngalang-alangi anggonku padha nggiyarake pangandika marang bangsa-bangsa liya supaya oleh karahayon. Dadine padha tansah ngundhaki dosane sakatoge, lan saiki padha ketaman ing bebendu tumeka ing wekasan.

17. Nanging aku kabeh, para sadulur, kang wus sawatara mangsa pisah karo kowe mungguh ing katone, nanging mungguh ing ati ora, padha kangen banget karo kowe temenan lan wis mbudi-daya bisane niliki kowe.

maca bab lengkap 1 Tesalonika 2