Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Tesalonika 1:4-9 Kitab Sutji (JAV)

4. Sarta aku padha sumurup, he para sadulur kang kinasihan ing Allah, yen Panjenengane wus milih marang kowe kabeh.

5. Awit Injil kang kita wartakake iku, ora mung kalantarake marang kowe kabeh kalawan temung thok, nanging uga kalawan daya kakuwatan lan ana ing Sang Roh Suci sarta kalawan katamtuan sakatoge, kaya kang wus padha koksumurupi, kapriye anggonku padha tumindak ing gawe ana ing antaramu marga saka kowe.

6. Lan kowe wis padha dadi panganutku kabeh sarta panganute Gusti; sajrone nandhang sangsara kang abot anggonmu padha nampani pangandika kalawan kabungahan kang saka ing Sang Roh Suci,

7. satemah kowe padha dadi tetuladhan tumrap kabeh wong pracaya ing tanah Makedhonia lan ing tanah Akhaya

8. Amarga ngumandhanging pangandikane Gusti saka ing antaramu ora mung ana ing tanah Makedhonia lan Akhaya bae, nanging ana ing ngendi-endi wus misuwur pracayamu marang Gusti Allah, mulane aku kabeh wis ora usah ngandhakake bab iku.

9. Sabab wong-wong wis padha nyritakake dhewe mungguh ing ngatase aku sakanca kapriye anggonmu padha nampani aku kabeh sarta anggonmu padha ninggal brahala-brahala lan banjur mratobat marang Gusti Allah tuwin leladi marang Gusti Allah kang gesang lan sajati,

maca bab lengkap 1 Tesalonika 1