Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 5:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Samono uga kowe, heh para wong anom, padha sumuyuda marang para wong tuwa, sarta siji lan sijine sing padha andhap-asor, amarga:“Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.”

6. Kang iku padha mendhaka ing sangisore astane Gusti Allah kang kuwat, supaya kowe padha linuhurake ing mangsa kang wis katemtokake.

7. Sakabehing sumelangmu pasrahna marang Panjenengane, sabab Panjenengane kang ngopeni kowe kabeh.

8. Padha diwaras ing budi sarta diprayitna, jalaran mungsuhmu Iblis iku klinteran kaya singa nggero-nggero ngupaya manungsa kang kena dimangsa.

9. Tanggulangana kalawan pracaya kang santosa, jalaran kowe padha sumurup yen kabeh sadulrmu kang ana ing saindenging jagad iya padha ketaman ing sangsara kaya mangkono.

10. Dene Gusti Allah sumbering sakehe sih-rahmat, kang wis nimbali kowe kabeh ana in Sang Kristus marang kamulyane kang langgeng, bakal nyampurnakake, neguhake, nyantosakake sarta ngukuhake kowe, sawise kowe padha nandhang sangsara sawatara mangsa.

11. Iya Panjenengane iku kang kagungan panguwaos langgeng salawas-lawase! Amin.

12. Anggonku nulis cekak marang kowe iki lumantar Silwanus, kang dakanggep sadulur kang kena dipracaya, prelu ngelingake sarta nyethakake, manawa iki sih-rahmate Gusti Allah kang sanyata. Iku padha ugemana kang temenan!

13. Sala marang kowe kabeh, saka sadulurmu ing Babilon kang pilihan lan Markus anakku.

14. Padha sesalamana nganggo pangambunging katresnan. Tentrem-rahayu anaa ing kowe kabeh kang padha ana ing patunggilane Sang Kristus. Amin.

maca bab lengkap 1 Petrus 5