Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 4:13-19 Kitab Sutji (JAV)

13. Malah padha bungaha, iku tampanana minangka panduman ing bab sangsarane Gusti Kristus, supaya kowe uga kepareng bungah sarta sukarena besuk samangsa Panjenengane mbabar kamulyane.

14. Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe.

15. Aja ana panunggalanmu kang nandhang sangsara marga mateni wong, utawa dadi maling, utawa wong ala, utawa wong dakwen.

16. Nanging manawa nandhang sangsara marga dadi wong Kristen, iku aja isin, malah ngluhurna Gusti Allah atas asmane Gusti Kristus iku.

17. Jalaran saiki wis tumeka ing titi-mangsane pangadilan kawiwitan lan bakal kawiwitan saka ing padalemaning Allah. Mangka manawa kawiwitan saka kita, kapriye bakal wekasane wong kang padha ora pracaya marang Injiling Allah?

18. Sarta manawawong mursid iku meh bae ora kaslametake,wong duraka lan wong dosa iku bakal kapriye kadadeane?

19. Kang iku para kang nandhang sangsara marga saka karsaning Allah, iku padha masrahna nyawane, kalawan tansah nglakoni kabecikan, marang kang nitahake kang setya tuhu.

maca bab lengkap 1 Petrus 4