Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 4:1-6 Kitab Sutji (JAV)

1. Dadi sarehne Gusti Yesus Kristus wis nglampahi sangsara kadagingan, mulane kowe iya sikepa gegaman pikiran mangkono, amarga sapa kang wis nandhang sangsara kadagingan iku wis mareni anggone ngalakoni dosa,

2. supaya wektu kang isi ana , aja kokanggo nuruti kepencuting manungsa , nanging mituhu marang ing karsaning Allah.

3. Jalaran wus cukup suwene anggonmu nindakake kekarepane wong kang ora wanuh ing Allah. Kowe wis padha nuruti ubaling hawa-nepsu warna-warna, pepenginan, mendem, jibar-jibur, sarta nyembah brahala kang ora kaparengake.

4. Marga saka iku kowe padha digumuni, dene kowe padha ora melu nyemplung ing blethokaning pamblasar iku uga karo wong-wong iku temahan kowe banjur padha dipitenah.

5. Nanging wong-wong iku kudu padha ngunjukake panjawab marang Panjenengane kang wis mirantos bakal ngadili wong urip lan wong mati.

6. Awit iya iku prelune dalah wong mati iya wis padha kaundhangan Injil, supaya padha diadili ing kadagingane kaya manungsa kabeh, nanging mungguh ing roh bisa urip manut karsaning Allah.

maca bab lengkap 1 Petrus 4