Bab

  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5

Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 3 Kitab Sutji (JAV)

Kawajibane wong jejodhoan

3:1-7

1. Mangkono uga kowe para wong wadon, padha sumuyuda marang bojomu, supaya manawa ana wong lanang kang padha ora mituhu ing pangandika, padha kagendenga dening tingkah-lakune kang wadon tanpa tetembungan,

2. manawa padha nyawang ing tindakmu kang murni sarta mursid iku.

3. Kang dadi pepaesmu aja cara lair, yaiku sarana nglabang rambut, manganggo mas-masan utawa kanthi manganggo kang endah,

4. nanging pepaesmu iku yaiku kamanungsaning batin kang ora katon kang apepaes kang ora bisa rusak, kang asale saka roh kang sareh, tentrem, kang pangaji banget ana ing ngarsaning Allah.

5. Dene iya kaya mangkono iku, biyen patrape para wong wadon suci anggone manganggo, yaiku wong wadon kang ngarep-arep marang Gusti Allah sarta padha sumuyud marang bojone,

6. padha kaya Ibu Sara anggone mituhu marang Rama Abraham sarta disebut bendarane, dene kowe iku padha dadi putrane, angger kowe tumindak becik sarta ora wedi ing pangancam.

7. Samono uga kowe, he, para wong lanang, anggonmu jejodhoan nganggoa duga-duga tumrap para wong wadon, awit iku golongan kang luwih ringkih! Padha ajenana amarga iku padha kanca ahli-warise sih-rahmating kauripan, supaya pandongamu aja nganti kaalangan.

Katresnan sarta katentreman

3:8-12

8. Wasana kowe kabeh padha disaiyeg tunggal rasa, tresna marang para sadulur, ambek welasan, sarta andhap-asor.

9. Aja males ala marang piala, utawa pepisuh marang pepisuh, nanging kosok-baline, kowe padha mberkahana, amarga anggonmu padha katimbalan iku supaya tumindak mangkono, satemah kowe padha oleh barkah. Sabab:

10. “Sing sapa arep nresnani uripsarta ngalami dina-dina kang becik,kudu mekak ilate, aja nganti kawetu kang alasarta mekak lambene tumrap tetembungan kang cidra.

11. Wong iku nyingkirana piala sarta nglakonana kabecikan;wong iku kudu ngupaya katentreman sarta ngudi supaya bisa kagayuh.

12. Jalaran tingale Pangeran iku tumuju marang para wong mursid,sarta talingane nilingake marang pasambating wong-wong kang nyuwun pitulungan, nanging wadanane Pangeran iku nglawan marang wong kang padha nglakoni piala.”

Sabar ing sajroning kasangsaran

3:13--4:6

13. Sarta sapa ta kang bakal nandukake piala marang kowe, manawa kowe sregep gawe becik?

14. Nanging sanadyan kowe kudu nandhang sangsara marga saka laku bener, kowe bakal rahayu. Aja wedi marang apa kang padha diwedeni sarta aja nganti giris.

15. Nanging padha nucekna Gusti Yesus Kristus ing sajroning atimu kayadene Pangeran! Sarta tansah padha dhangana aweh panjawab marang angger wong kang njaluk katrangan marang kowe bab pangarep-arep kang dumunung ana ing kowe, nanging diklawan alus lan andhap-asor,

16. sarta kalawan rumangsaning ati kang resik, supaya wong kang padha mitenah marang kowe, marga uripmu mursid ana ing Gusti Kristus, iku padha kewirangan dene padha tumindak mangkono.

17. jalaran luwih becik nandhang sangsara marga tumindak becik, manawa iku dikarsakake dening Gusti Allah, katimbang nandhang sangsara marga tumindak ala.

18. Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh,

19. sarta ing sajroning Roh iku uga, Panjenengane tedhak ngundhangake Injil marang para roh kang ana ing pakunjaran,

20. yaiku marang roh-rohe para wong kang ing biyen nalika jamane Nabi Nuh padha ora mbangun-miturut marang Gusti Allah, rikala Gusti Allah tetep ngantos-antos kalawan sabar, ing kalane Nabi Nuh lagi yasa prau, kang mung diungseni wong sathithik, yaiku wong wolu, kang kapitulungan bisa oncat saka ing banjir.

21. Samono uga kowe saiki iya padha kapitulngan kalawan ibarating lelakon mau, yaiku baptis, kang ora ateges ngresiki reregeding badan, nanging minangka panyuwun marang Gusti Allah supaya kaparingana rumangsaning ati kang becik, marga saka wungune Gusti Yesus Kristus,

22. kang lenggah ing tengening Allah sawise sumengka menyang ing swarga, sawise sakehing malaekat, para panguwasa sarta para pamisesa ditelukake marang Panjenengane.