Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 1:20-22 Kitab Sutji (JAV)

20. Panjenengane iku wus pinilih sadurunge jagad tinalesan, nanging marga saka kowe Panjenengane lagi mbabarake sarirane, besuk ing jaman wekasan.

21. Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.

22. Sarehne kowe wus nucekake nyawamu sarana pambangun-turut marang kayekten, satemah padha bisa nindakake katresnan ing pasaduluran kang tanpa lamis, mulane padha mempenga anggonmu tresna-tinresnan kanthi gumolonging atimu.

maca bab lengkap 1 Petrus 1