Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Petrus 1:13-21 Kitab Sutji (JAV)

13. Mulane cawisna akal-budimu sarta sing waspada, apadene sakehing pangarep-arepmu dhasarna ing sih-rahmat kang kaparingake marang kowe ing wektu kababare Gusti Yesus Kristus.

14. Uripmu dikaya bocah kang mbangun-turut, aja nuruti hawa-nepsu kang misesa kowe nalika kowe isih padha bodho.

15. Nanging kowe padha dadia suci ing satindaking uripmu kabeh kayadene Panjenengane kang suci, kang wis nimbali kowe,

16. sabab ana tulisan mangkene: Sira padha dadia suci, jalaran Ingsun iki suci.

17. Sarta manawa kowe padha nyebut Panjenengane Rama, yaiku kang ngadili kabeh wong manut panggawene tanpa pilih kasih, uripmu kalawan wedi-asih sajrone kowe mondhok ing donya iki.

18. Sabab kowe padha sumurup, yen anggonmu katebus saka kalakuanmu kang tanpa guna, kang kokwarisi saka para leluhurmu, iku ora srana barang kang bisa rusak, uga ora kalawan salaka utawa emas,

19. nanging srana getih kang akeh ajine, yaiku rahe Gusti Yesus Kristus kang padha kaya getihing cempe kang tanpa cacad lan tanpa blentong.

20. Panjenengane iku wus pinilih sadurunge jagad tinalesan, nanging marga saka kowe Panjenengane lagi mbabarake sarirane, besuk ing jaman wekasan.

21. Marga saka Panjenengane, kowe padha pracaya marang Gusti Allah, yaiku kang wis mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati sarta kang wis maringi kaluhuran marang Panjenengane, temahan pracayamu lan pangarep-arepmu tumuju marang Gusti Allah.

maca bab lengkap 1 Petrus 1