Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 8:9-13 Kitab Sutji (JAV)

9. Nanging poma kowe padha diawas, aja nganti wewenangmu iku dadi sandhungan tumrap wong kang padha ringkih.

10. Awit manawa nganti ana wong kang weruh kowe kang duwe kawruh, lagi mangan ana ing omah brahala, apa wong kang pangrasaning atine ringkih ora bakal kawanekake mangan daging sesajening brahala?

11. Kalawan patrap mangkono wong kang ringkih, yaiku sadulurmu, dadi nemu tiwas marga saka “kawruhmu”, mangka Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong iku.

12. Manawa kanthi patrap mangkono, kowe gawe dosa marang para sadulurmu sarta natoni pangrasaning atine kang ringkih, iku sajatine kowe gawe dosa marang Sang Kristus.

13. Mulane manawa pangan dadi sesandhungan tumrap sadulurku, ing salawase aku ora arep mangan daging maneh, supaya aja nganti dadi sesandhungan tumrap sadulurku.

maca bab lengkap 1 Korinta 8