Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 8:5-11 Kitab Sutji (JAV)

5. Sabab, sanadyan ta ana kang sinebut “allah”, dadia ing swarga, utawa ing bumi -- sarta pancen bener ana “allah” akeh, lan akeh “gusti” --

6. nanging mungguh ing kita mung ana Gusti Allah siji, yaiku Sang Rama, kang dadi etuking samubarang kabeh, lan kita padha urip lumados marang Panjenengane, sarta Gusti iya mung siji, yaitu Gusti Yesus Kristus, kang njalari anane samubarang lan kang njalari kita padha urip.

7. Dene kang duwe kawruh mangkono iku ora kabeh wong. Ana wong, kang awit saka anggone isih kacencang ing brahala-brahala, pamangane daging iku kaya pancen sesajening brahala. Lan pangrasaning atine kang ringkih banjur dadi jember.

8. “Pangan iku ora njalari kita saya cedhak karo Gusti Allah. Kita padha ora kapitunan apa-apa manawa ora mangan, lan ora bathi apa-apa manawa kita padha mangan.”

9. Nanging poma kowe padha diawas, aja nganti wewenangmu iku dadi sandhungan tumrap wong kang padha ringkih.

10. Awit manawa nganti ana wong kang weruh kowe kang duwe kawruh, lagi mangan ana ing omah brahala, apa wong kang pangrasaning atine ringkih ora bakal kawanekake mangan daging sesajening brahala?

11. Kalawan patrap mangkono wong kang ringkih, yaiku sadulurmu, dadi nemu tiwas marga saka “kawruhmu”, mangka Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo wong iku.

maca bab lengkap 1 Korinta 8