Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 8:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Tumrap daging sesajening brahala iku, kita padha sumurup: “kita kabeh padha duwe kawruh.” Kawruh kang mangkono iku marakake kumenthus, nanging katresnan iku mbangun.

2. Manawa ana wong duwe pangira, yen duwe “Kawruh” iku ateges durung bisa ngranggeh kawruh kang kudune digayuh.

3. Nanging wong kang tresna marang Gusti Allah, iku diudaneni dening Gusti Allah.

4. Mungguh bab mangan daging sesajening brahala, kita padha sumurup: “yen brahala iku ora ana ing jagad, lan ora ana Allah liyane kajaba Gusti Allah kang asipat tunggal.”

5. Sabab, sanadyan ta ana kang sinebut “allah”, dadia ing swarga, utawa ing bumi -- sarta pancen bener ana “allah” akeh, lan akeh “gusti” --

6. nanging mungguh ing kita mung ana Gusti Allah siji, yaiku Sang Rama, kang dadi etuking samubarang kabeh, lan kita padha urip lumados marang Panjenengane, sarta Gusti iya mung siji, yaitu Gusti Yesus Kristus, kang njalari anane samubarang lan kang njalari kita padha urip.

7. Dene kang duwe kawruh mangkono iku ora kabeh wong. Ana wong, kang awit saka anggone isih kacencang ing brahala-brahala, pamangane daging iku kaya pancen sesajening brahala. Lan pangrasaning atine kang ringkih banjur dadi jember.

maca bab lengkap 1 Korinta 8