Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 7:6-19 Kitab Sutji (JAV)

6. Bab iki daktuturake marang kowe minangka palilah, ora minangka prentah.

7. Sanadyan mangkono saiba becike manawa wong kabeh padha nglakoni kaya aku; nanging saben wong kaparingan ganjaran dhewe-dhewe dening Gusti Allah, kang siji ganjaran mangkene, sijine ganjarane mangkono.

8. Dene wong kang ora sesomahan lan para randha, dakprayogakake, supaya padha tetepa kaya aku iki.

9. Nanging manawa ora kuwat nyegah, kareben padha omah-omah. Awit luwih becik bebojoan tinimbang ngangah-angah marga dening hawa-nepsu.

10. Mungguh para wong kang padha sesomahan -- dudu aku, nanging Gusti kang ndhawuhi, -- supaya wong wadon aja nganti megat bojone.

11. Lan yen pegatan, tetepa anggone ora jejodhoan utawa rukuna maneh karo kang lanang. Lan wong lanang ora kena megat somahe.

12. Nanging marang wong liyan aku, dudu Gusti, mituturi mangkene: Yen ana sadulur duwe somah kang ora pracaya, mangka wong wadon iku gelem manggon tetunggalan, sadulur mau aja nganti megat kang wadon iku.

13. Lan wong wadon manawa duwe bojo kang ora pracaya, mangka wong lanang iku gelem manggon tetunggalan, wong wadon mau aja nganti megat kang lanang iku.

14. Amarga wong lanang kang ora pracaya iku, wus kasucekake marga saka kang wadon, lan wong wadon kang ora pracaya mau wus kasucekake marga saka kang lanang. Saupama ora mangkono, anak-anakmu iku rak banjur dadi anak-anak kang najis, mangka saiki padha suci.

15. Nanging manawa kang ora pracaya iku kepengin pegatan, iya kareben megat; manawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging anggone Gusti Allah nimbali kowe iku, supaya kowe padha olaha atut-rukun.

16. Sabab kapriye anggonmu bisa sumurup, heh wong wadon, manawa kowe bakal nylametake bojomu? Utawa kapriye anggonmu sumurup, heh wong lanang, manawa kowe bakal nylametake somahmu?

17. Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka kaya kang wus katetepake dening Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah. Iya iki pranatan kang dakwenehake marang sakehe pasamuwan.

18. Manawa ana wong kang katimbalan wus tetakan, aja mbudidaya ngilangi labeting tetak iku. Lan manawa ana wong kang katimbalan ora tetakan, aja banjur nglakoni tetak.

19. Sabab tetak utawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kang prelu netepi angger-anggere Gusti Allah.

maca bab lengkap 1 Korinta 7