Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 7:26-34 Kitab Sutji (JAV)

26. Kang iku panimbangku, ngelingi kaanan ing wektu saiki, becik manawa wong iku kaanane ora owah.

27. Manawa kowe wus katalenan ing wong wadon, aja ngarah pegate! Manawa kowe ora katalenan ing wong wadon, aja rabi!

28. Ewadene manawa kowe oma-omah, iku kowe ora dosa. Lan yen ana prawan omah-omah, iku iya ora dosa. Nanging wong kang mangkono iku bakal nandhang kasusahan mungguh ing daging, mangka karepku kowe aja nganti ketaman ing kasusahan iku.

29. Para sadulur, kang dakkarepake mangkene: Wektune wus kari sathithik! Mulane ing wektu kang mung kari sathithik iki, wong lanang kang padha sesomahan tumindaka kaya-kaya ora sesomahan;

30. lan wong kang padha nangis, dikaya ora nangis; lan kang bungah dikaya ora bungah; sarta para wong kang tetuku, dikaya ora nduweni kang dituku;

31. ringkese, wong kang padha nganggo barang-barang kadonyan iki, dikaya ora nganggo. Sabab donya kang kita sumurupi saiki iki, bakal sirna.

32. Kang dakkarepake, supaya kowe padha urip tanpa was-sumelang. Wong lanang kang ora sesomahan, ngelengake kang mungguh ing Gusti, kapriye murih dadi keparenge Gusti.

33. Dene wong lanang kang sesomahan, ngelengake kang mungguh ing kadonyan, kapriye bisane gawe senenge kang wadon,

34. lan marga saka mangkono pikirane banjur kabage-bage. Wong wadon kang ora bebojoan, sarta para prawan, padha ngelengake kang mungguh ing Gusti, supaya jiwa-ragane dadi suci. Nanging wong wadon kang bebojoan ngelengake prakara kadonyan, kapriye bisane gawe senenge kang lanang.

maca bab lengkap 1 Korinta 7