Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 7:20-27 Kitab Sutji (JAV)

20. Saben wong iku tetepa kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah.

21. Manawa nalikane kowe katimbalan dadi batur tukon, iku aja kokgrantesake! Nanging manawa kowe bisa dimerdikakake iya gelema.

22. Sabab batur tukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong merdika, kagungane Gusti. Mangkono uga wong merdika, kang katimbalan dening Sang Kristus, iku dadi abdine Sang Kristus.

23. Kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas. Mulane kowe aja padha dadi batur-tukoning manungsa.

24. Para sadulur, saben wong iku ana ing ngarsane Gusti Allah, lestaria kaya ing nalikane katimbalan.

25. Saiki bab para prawan. Aku ora oleh dhawuh saka Gusti tumrap iki. Nanging aku nglairake panemuku kayadene wong kang kena dipracaya, awit saka palimirmane Gusti Allah kang daktampa.

26. Kang iku panimbangku, ngelingi kaanan ing wektu saiki, becik manawa wong iku kaanane ora owah.

27. Manawa kowe wus katalenan ing wong wadon, aja ngarah pegate! Manawa kowe ora katalenan ing wong wadon, aja rabi!

maca bab lengkap 1 Korinta 7