Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 7:15-22 Kitab Sutji (JAV)

15. Nanging manawa kang ora pracaya iku kepengin pegatan, iya kareben megat; manawa mangkono iku sadulur lanang utawa wadon mau padha ora kacencang ing wajib. Nanging anggone Gusti Allah nimbali kowe iku, supaya kowe padha olaha atut-rukun.

16. Sabab kapriye anggonmu bisa sumurup, heh wong wadon, manawa kowe bakal nylametake bojomu? Utawa kapriye anggonmu sumurup, heh wong lanang, manawa kowe bakal nylametake somahmu?

17. Sateruse, saben wong iku lestari tumindaka kaya kang wus katetepake dening Gusti, lan ing sajroning kaanan kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah. Iya iki pranatan kang dakwenehake marang sakehe pasamuwan.

18. Manawa ana wong kang katimbalan wus tetakan, aja mbudidaya ngilangi labeting tetak iku. Lan manawa ana wong kang katimbalan ora tetakan, aja banjur nglakoni tetak.

19. Sabab tetak utawa ora tetak iku dudu apa-apa. Kang prelu netepi angger-anggere Gusti Allah.

20. Saben wong iku tetepa kaya ing nalikane katimbalan dening Gusti Allah.

21. Manawa nalikane kowe katimbalan dadi batur tukon, iku aja kokgrantesake! Nanging manawa kowe bisa dimerdikakake iya gelema.

22. Sabab batur tukon kang katimbalan ing Gusti iku dadi wong merdika, kagungane Gusti. Mangkono uga wong merdika, kang katimbalan dening Sang Kristus, iku dadi abdine Sang Kristus.

maca bab lengkap 1 Korinta 7