Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 7:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Mungguh prakara-prakara kang kamot ing layangmu marang aku iku, becik tumrape wong lanang, yen ora sesomahan,

2. nanging ngelingi anane bebaya laku jina, becike saben wong lanang duwea somah dhewe lan wong wadon duwea bojo dhewe.

3. Kang lanang netepana kawajibane marang somahe, mangkono uga kang wadon marang bojone.

4. Kang wadon ora nguwasani badane dhewe, nanging kang lanang. Mangkono uga kang lanang iya ora nguwasani badane dhewe, nanging kang wadon.

5. Kowe aja padha cegah-cinegah, kajaba kalawan padha sarujuke kanggo ing sawatara mangsa, supaya kowe bisa mligekake wektu kanggo ndedonga. Nanging sawise iku padha kumpula maneh, supaya Iblis aja nganti nggodha kowe, awit saka anggonmu ora kuwat nyegah.

6. Bab iki daktuturake marang kowe minangka palilah, ora minangka prentah.

7. Sanadyan mangkono saiba becike manawa wong kabeh padha nglakoni kaya aku; nanging saben wong kaparingan ganjaran dhewe-dhewe dening Gusti Allah, kang siji ganjaran mangkene, sijine ganjarane mangkono.

8. Dene wong kang ora sesomahan lan para randha, dakprayogakake, supaya padha tetepa kaya aku iki.

9. Nanging manawa ora kuwat nyegah, kareben padha omah-omah. Awit luwih becik bebojoan tinimbang ngangah-angah marga dening hawa-nepsu.

10. Mungguh para wong kang padha sesomahan -- dudu aku, nanging Gusti kang ndhawuhi, -- supaya wong wadon aja nganti megat bojone.

maca bab lengkap 1 Korinta 7