Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 6:6-19 Kitab Sutji (JAV)

6. Apa ya lenggah ta yen anggone padha golek adil ing antarane sadulur, malah marang wong kang ora pracaya?

7. Bab anane prakara kang tuwuh ana ing antaramu iku bae, wus nelakake anggonmu padha kuciwa. Yagene kowe ora milaur nrima digawe sawenang-wenang? Yagene kowe ora nrima ketunan?

8. Ananging kowe dhewe malah padha tumindak sawenang-wenang lan padha gawe pituna, tur bab ku tumanduk marang para sadulurmu dhewe.

9. Utawa kowe padha ora sumurup, yen wong kang padha ora adil iku bakal ora tampa panduman warisan Kratoning Allah?Aja padha kesasar. Wong kang laku jina, nyembah brahala, laku bedhang, dadi gemblak, laku jindik,

10. kang nyenyolong, cethil, seneng mendem, tukang mitenah lan tukang ngapusi, iku ora bakal tampa panduman warisan Kratoning Allah.

11. Lan sawenehing panunggalanmu biyen iya kaya mangkono iku, nanging kowe wus padha masrahake awakmu supaya diresiki, kowe wus padha kasucekake, wus padha kabenerake marga saka Asmane Gusti Yesus Kristus lan marga dening Rohe Allah kita.

12. Aku wenang samubarang, nanging ora samubarang maedahi. Tumraping aku samubarang kabeh iku kalal, nanging awakku dakjaga aja nganti kawasesa dening sadhengaha apa bae.

13. Pangan iku kanggo ing weteng, lan weteng kanggo ing pangan: nanging sakarone bakal dilebur dening Gusti Allah. Badanmu iku ora kanggo laku jina, nanging kagem ing Gusti, lan Gusti kanggo ing badan.

14. Gusti Allah kang wus mungokake Gusti, iya bakal nangekake kita marga saka panguwaose.

15. Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi gegelitaning Sang Kristus? Kang iku gegelitaning Sang Kristus apa bakal dakjupuk, tuwin dakpasrahake marang laku jina? Babar pisan ora!

16. Utawa, apa kowe ora sumurup, yen sing sapa rumaket marang wanita tunasusila, iku dadi nunggal sabadan? Rak ana pangandika mangkene: “Loro-lorone bakal dadi daging siji.”

17. Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggal saroh kalawan Panjenengane.

18. Padha ngedohana laku jina! Sarupaning dosa liyane kang dilakoni ing wong iku tumindake sajabaning badane. Nanging wong kang laku jina iku ateges dosa marang badane dhewe.

19. Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?

maca bab lengkap 1 Korinta 6