Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 6:17-20 Kitab Sutji (JAV)

17. Balik sing sapa rumaket ing Gusti, iku dadi nunggal saroh kalawan Panjenengane.

18. Padha ngedohana laku jina! Sarupaning dosa liyane kang dilakoni ing wong iku tumindake sajabaning badane. Nanging wong kang laku jina iku ateges dosa marang badane dhewe.

19. Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe?

20. Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu!

maca bab lengkap 1 Korinta 6