Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 5:7-13 Kitab Sutji (JAV)

7. Buwangen ragi kang lawas iku, supaya kowe padha dadi jladren kang anyar, sabab kowe rak pancen tanpa ragi. Awit Cempe-Paskah kita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus.

8. Mulane payo kita padha pista, ora nganggo ragi kang lawas, ragi piala utawa duraka, nanging nganggo roti kang tanpa ragi, yaiku kaburusan lan kayekten.

9. Aku wis nulis ana ing layangku marang kowe, supaya kowe aja sesrawungan karo wong kang padha laku jina.

10. Kang dakkarepake iku ora karo kabeh wong kang laku jina ing jagad iki, utawa karo kabeh wong kang cethil sarta tukang ngapusi, utawa kabeh wong kang padha nyembah brahala, amarga yen ta mangkonoa kowe mesthi kudu padha metu saka jagad iki.

11. Nanging, anggonku nulis marang kowe iku mau mangkene: kowe aja nganti srawung karo wong, kang sanadyan wong mau ngaku sadulur, nyatane laku jina, cethil, nyembah brahala, gawene mitenah, seneng mendem utawa tukang ngapusi; kowe aja pisan-pisan mangan bebarengan karo wong kang kaya mangkono iku.

12. Sabab yen aku padha ngadili wong-wong kang ana sajabaning pasamuwan, iku aku migunakake wewenang apa? Kowe rak mung padha ngadili wong-wong kang ana ing sajroning pasamuwan ta?

13. Para wong kang padha ana ing sajabaning pasamuwan, iku bakal diadili dening Gusti Allah. Wong kang padha nandukake piala iku tundhungen saka ing tengah-tengahmu.

maca bab lengkap 1 Korinta 5