Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 3:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. Aku kang nenandur, Apolos kang nyirami nanging Gusti Allah kang nuwuhake.

7. Mulane kang wigati iku dudu kang nandur utawa kang nyirami, nanging Gusti Allah kang nuwuhake.

8. Anadene kang nandur, lan kang nyirami iku padha; siji-sijine bakal padha nampani pituwase dhewe-dhewe, laras karo ayahane.

9. Awit aku kabeh iki padha ndherek ing pakaryane Gusti Allah, dene kowe iku padha dadi palemahan olah-olahane Gusti Allah, iya dalem yasane Gusti Allah.

10. Laras karo sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang aku, aku kang dadi ahli yasa omah kang cakep wus masang tetalese, lan wong liya iya padha nerusake mbangun ing sadhuwure. Nanging saben wong kudu nggatekake, kapriye anggone padha mbangun ing sadhuwure.

11. Sabab ora ana wong kang bisa masang tetales liyane kajaba kang wus dipasang, yaiku Gusti Yesus Kristus.

12. Embuh anggone mbangun ing sadhuwure iku mau migunakake emas, salaka, watu adi, kayu, suket garing utawa damen,

13. besuk garapane sawiji-wijining wong mau bakal kawiyak. Awit dinane Gusti kang bakal nelakake, marga tekane bakal kairing ing geni, lan garapane sawiji-wijining wong bakal dinadar ing geni mau.

14. Manawa garapan kang diedegake bisa lestari, wong iku bakal tampa pituwas.

15. Manawa garapane kobong, wong iku bakal kapitunan, nanging awake dhewe bakal kapitulungan rahayu, mung bae patrape kaya mentas saka geni.

maca bab lengkap 1 Korinta 3