Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 3:4-12 Kitab Sutji (JAV)

4. Awit yen kang siji calathu: “Aku golongane Paulus,” lan liyane kandha: “Aku golongane Apolos,” apa iku ora nelakake yen kowe iku manungsa kadagingan kang dudu kasukman?

5. Dadi Apolos iku apa? Paulus iku apa? Iku para abdine Gusti kang dadi lantarane anggonmu padha manjing pracaya, miturut ayahane dhewe-dhewe kang kaparingake dening Gusti Allah.

6. Aku kang nenandur, Apolos kang nyirami nanging Gusti Allah kang nuwuhake.

7. Mulane kang wigati iku dudu kang nandur utawa kang nyirami, nanging Gusti Allah kang nuwuhake.

8. Anadene kang nandur, lan kang nyirami iku padha; siji-sijine bakal padha nampani pituwase dhewe-dhewe, laras karo ayahane.

9. Awit aku kabeh iki padha ndherek ing pakaryane Gusti Allah, dene kowe iku padha dadi palemahan olah-olahane Gusti Allah, iya dalem yasane Gusti Allah.

10. Laras karo sih-rahmate Gusti Allah kang kaparingake marang aku, aku kang dadi ahli yasa omah kang cakep wus masang tetalese, lan wong liya iya padha nerusake mbangun ing sadhuwure. Nanging saben wong kudu nggatekake, kapriye anggone padha mbangun ing sadhuwure.

11. Sabab ora ana wong kang bisa masang tetales liyane kajaba kang wus dipasang, yaiku Gusti Yesus Kristus.

12. Embuh anggone mbangun ing sadhuwure iku mau migunakake emas, salaka, watu adi, kayu, suket garing utawa damen,

maca bab lengkap 1 Korinta 3