Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 3:17-23 Kitab Sutji (JAV)

17. Manawa ana wong kang ngrusak padalemaning Gusti Allah, Panjenengane bakal ngrusak wong mau. Sabab padalemaning Allah iku suci, yaiku kowe.

18. Aja nganti ana wong kang ngapusi awake dhewe. Yen ing antaramu ana kang rumangsa wicaksana ana ing jagad iki, kareben wong iku dadi bodho, supaya dheweke dadia wicaksana.

19. Awit kawicaksanane jagad iki kabodhoan tumrap Gusti Allah. Sabab ana tulisan wiraose: “Panjenengane nangkep para wicaksana sajroning culikane.”

20. Lan ing panggonan liya, mangkene: “Pangeran mirsa, yen ciptane wong wicaksana iku kabeh tanpa guna.”

21. Mulane aja nganti ana wong kang ngegungake manungsa, amarga samubarang kabeh iku dadi darbekmu;

22. dadia Paulus, dadia Kefas, dadia jagad, dadia urip utawa pati, dadia wektu saiki utawa wektu kang bakal kalakon, iku kabeh darbekmu.

23. Nanging kowe padha dadi kagungane Sang Kristus, sarta Sang Kristus iku kagungane Gusti Allah.

maca bab lengkap 1 Korinta 3