Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Korinta 3:1-5 Kitab Sutji (JAV)

1. Anadene aku, para sadulur, nalika iku ora bisa guneman karo kowe kaya marang wong kasukman, nanging mung kaya marang wong kadagingan kang durung diwasa ana ing Sang Kristus.

2. Kang dakwenehake marang kowe iku banyu susu, dudu pangan kang akas, sabab kowe durung kelar. Malah ing wektu saiki uga, kowe iya durung kelar.

3. Marga kowe isih wujud manungsa kadagingan. Sabab, manawa ing antaramu tinemu rasa kemeren sarta pasulayan, apa iku ora dadi tandha-yekti, yen kowe kabeh iku manungsa kadagingan tuwin lakumu apa ora cara manungsa?

4. Awit yen kang siji calathu: “Aku golongane Paulus,” lan liyane kandha: “Aku golongane Apolos,” apa iku ora nelakake yen kowe iku manungsa kadagingan kang dudu kasukman?

5. Dadi Apolos iku apa? Paulus iku apa? Iku para abdine Gusti kang dadi lantarane anggonmu padha manjing pracaya, miturut ayahane dhewe-dhewe kang kaparingake dening Gusti Allah.

maca bab lengkap 1 Korinta 3